Pidhato basa Jawa di MI / SD



MAULID NABI MUHAMMAD SAW
 Piwulangan Basa Jawa ing Madrasah Ibtidaiyah
Dosen pengampu: Drs. H. Ari Tasiman, M.Pd





Kasusun dening:
Nami           : Rina Deviyanti
NIM :1512701

Fakultas Tarbiyah Program studi PGMI V
Institut Agam Islam Nahdlatul Ulama (IAINU) Kebumen
Tahun 2017/2018


Bismillahirokhmanirokhim
Assalamu’alaikum Warokhmatullohi Wabarokatuh
Alhamdulillah, Alhamdulillah, Alhamdulillahirobil’almin, Asolatuwasalammu’ala asrofil ambiya iwal mursalin wa’ala alihi wasohbihi ajma’in, robisrohli sodri wayasirli amri wahlul ‘uqdatammilisani yafqohu kauli ama ba’du.
Ingkang pakurmatan Bapak Dosen Drs. H. Ari Tasiman, M. Pd
Ingkang kulo tresnani konco-konco PGMI Semester V
Ingkang kaping sepindah puji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Alloh SWT, ingkang smapun maringi kasihatan, kawilujenganipun kalih kito sedoyo sahinggo kito saged kempal manunggal wonten ing papan mriki.
Ingkang kaping kaleh sholawat saha salam kunjuk dumateng Baginda Rosululloh SAW. Ingkang kito anti-anti syafa’atipun, mugi- mugi kito saged pikantuk syafa’atipun wonten ing mbenjang meniko, Allohuma Amiin
Kulo ing mriki badhe sinau kalian konco babagan Maulid Nabi Muhammad SAW. Konco-konco ingkang sholeh lan sholehah. Maulid Nabi Muhammad SAW, Inggih meniko pengetan lahiripun Nabi Agung Muhammad SAW. Injih meniko tanggal 12 Rabi’ul Awal, ing dalem pengetan meniko kito supados tindak tanduk lampahipun saged nderek Kajeng Nabi Muhammad SAW.
Sinten Mawon ingkang badhe usoho nderek utawa nuladhani lampahipun kanjeng Nabi Muhamad SAW. Insya Alloh badhe pikantuk syafa’atipun mbenjang ing yaumul qiyamah. Allohuma Amiiin. Tuladhanipun ingkang saged kito lampahipun injih meniko saged maos berjanji, maringi sodaqoh, nyantun lare yatim lan sanes-sanesipun. Ing dalem deso-deso biasane niku dipun asmani muludan. Ig dalem ngelampahi meniko, kito ikhlas amargi Alloh SWT, supados amalan kito saged dipun astani pahala lan saged pikantuk syafa’atipun Allohuma Amiiin.
Alhamdulillah, babagan Maulid Nabi utawa Muludan ingkang saged kulo lan panjenengan sedoyo sinauni sareng-sareng sampun cekap. Njih cekap semanten atur kulo, kathah klenta-klintunipun kulo nyuwun agungin sih pangapunten.
Wallohummafiq illa aqwamittoriq,
Wassalamu’alaikum warikhmatullohi wabarokatuh

Kesewun sampun mbuka, lan maos mugi-mugi enten manfaatipun
baca geset, baca maning lan baca terus
Mahasiswa PGMI 2015 Institut Agam Islam Nahdlatul Ulama (IAINU) Kebumen

















Komentar

Postingan populer dari blog ini

FUNGSI DAN MANFAAT MICROTEACHING

Malaikat-Malaikat Alloh SWT dan Tugasnya

Teori Belajar dan Teori pembelajaran Dari Berbagai Sumber